Kabuncang Alang - Alang
Keywords:
Kabuncang, Alang - AlangSynopsis
Wengi iki apa sliramu isih kelingan, duksemana uga ing wengi kang karengga grimis ngene, kita sakloron lungguhan ana tengah taman kutha kene. Trus tan kanyana tanganku ngegem drijimu. Ana esem ngujiwat saka lathimu, lan iku sing ampuh nrajang atiku. Nadyan wis puluhan taun suwene, jebul tetep gawang-gawang lelakon iku ing tlapukan mripatku. Lan embuh wengi iki lelakon iku bali mbebeda rasaku. Apa sliramu isih kelingan, Ma…
“Ora akeh pengarang sastra Jawa sing bisa ngripta geguritan lan cerita cekak padha apike. Ing donyane sastra Jawa, kajaba ngarang geguritan Yan Tohari uga ngarang cerita cekak. Cerita-cerita cekak sing kaimpun ing antologi Kabuncang Alang-alang iki nuduhake manawa Yan Tohari pancen pengarang sastra Jawa sing gamben. Kajaba tema, konflik, alur, endhing, pitutur luhur, lan liyane maneh sing digarap kanthi setiti, pamilihe tembung lan pangracike ukara sing premati ndadekake crita sing disuguhake banget nengsemake.”
(Turio Ragilputra – sastrawan Jawa asal Ambal, Kebumen, Jawa Tengah)
“Manawa maca cerkak-cerkake, ide sing diumbar lan dieksekusi, kadhangkala realis, kadhangkala uga semi absurd. Cerita sing diangkat, ora mung babagan asmara thok, nanging uga maneka warna masalah ing madyaning alam donya iki, bisa diarani kaya lothek. Pengin sing tawar ana, sing pedhes uga ana. Tembung lan ukara sing diracik mbanyu mili, enak lan renyah. Tulisan ing buku kumpulan cerkak "Kabuncang Alang-Alang" Iki, bisa kanggo nengeri, manawa Yan Tohari tetep kreatif lan kredo ing madyaning sastra Jawa. Sastra Jawa tetep ditulis, bakal ngrembaka lan lestari.”
(Triman Laksana - sastrawan Jawa, Padhepokan Djagat Djawa, Magelang)
“Minangka panggurit sing wis puluhan taun njajah jagad medhia, Yan Tohari krasa titis nggunakake tembung jroning cerkak-cerkak karyane.Utamane ana ing babagan narasi. Ora ketinggalan, dheweke uga klebu kampiyun anggone ngracik alur cerkak. Aku klebu sing kepencut marang cerkake kang sesirah "Nasibe Kodrat". Ana konflik sing diecer-ecer kanthi nggregetake. Selipan guyonan sing ndhedhepi ana pungkasan cerkak kasil miyak kepriye cupete pikiran kita nalika lagi dibrukut panase ati.”
(Budi Wahyono - sastrawan sing manggon ana kutha Semarang)
Chapters
-
Prolog Nalika Tresna Ngosikake Lelakon Urip
-
Ing Pucuk Alang-alang, Ora Kabur Kanginan
-
Kata Pengantar
-
Daftar Isi
-
Tetaning Ati
-
Rembulan Koncatan Mega
-
Nasibe Kodrat
-
Mendem
-
Tan
-
Dongeng
-
Kabuncang Alang-Alang
-
Wong Lan Anakke
-
Calon Lurah Warikun
-
Sasigar Rembulan
-
Landheping Krikil
-
Saunting Alang-Alang
-
Kutuk Kena Sunduk
-
Ati Kaseret Ing Angin
-
Langite Sumilak
-
Ing Pucuk Alang-Alang
-
Oh… Sumirah
-
Riwayat Penulis
Downloads
References
Published
License

This work is licensed under a Creative Commons Attribution-ShareAlike 4.0 International License.