Kabuncang Alang - Alang

Penulis

Yan Tohari
Sekolah Dasar wewengkon Sumber, Trucuk, Klaten, Jawa Tengah

Kata Kunci:

Kabuncang, Alang - Alang

Sinopsis

Wengi iki apa sliramu isih kelingan, duksemana uga ing wengi kang karengga grimis ngene, kita sakloron lungguhan ana tengah taman kutha kene. Trus tan kanyana tanganku ngegem drijimu. Ana esem ngujiwat saka lathimu, lan iku sing ampuh nrajang atiku. Nadyan wis puluhan taun suwene, jebul tetep gawang-gawang lelakon iku ing tlapukan mripatku. Lan embuh wengi iki lelakon iku bali mbebeda rasaku. Apa sliramu isih kelingan, Ma…

“Ora akeh pengarang sastra Jawa sing bisa ngripta geguritan lan cerita cekak padha apike. Ing donyane sastra Jawa, kajaba ngarang geguritan Yan Tohari uga ngarang cerita cekak. Cerita-cerita cekak sing kaimpun ing antologi Kabuncang Alang-alang iki nuduhake manawa Yan Tohari pancen pengarang sastra Jawa sing gamben. Kajaba tema, konflik, alur, endhing, pitutur luhur, lan liyane maneh sing digarap kanthi setiti, pamilihe tembung lan pangracike ukara sing premati ndadekake crita sing disuguhake banget nengsemake.”
(Turio Ragilputra – sastrawan Jawa asal Ambal, Kebumen, Jawa Tengah)

“Manawa maca cerkak-cerkake, ide sing diumbar lan dieksekusi, kadhangkala realis, kadhangkala uga semi absurd. Cerita sing diangkat, ora mung babagan asmara thok, nanging uga maneka warna masalah ing madyaning alam donya iki, bisa diarani kaya lothek. Pengin sing tawar ana, sing pedhes uga ana. Tembung lan ukara sing diracik mbanyu mili, enak lan renyah. Tulisan ing buku kumpulan cerkak "Kabuncang Alang-Alang" Iki, bisa kanggo nengeri, manawa Yan Tohari tetep kreatif lan kredo ing madyaning sastra Jawa. Sastra Jawa tetep ditulis, bakal ngrembaka lan lestari.”
(Triman Laksana - sastrawan Jawa, Padhepokan Djagat Djawa, Magelang)

“Minangka panggurit sing wis puluhan taun njajah jagad medhia, Yan Tohari krasa titis nggunakake tembung jroning cerkak-cerkak karyane.Utamane ana ing babagan narasi. Ora ketinggalan, dheweke uga klebu kampiyun anggone ngracik alur cerkak. Aku klebu sing kepencut marang cerkake kang sesirah "Nasibe Kodrat". Ana konflik sing diecer-ecer kanthi nggregetake. Selipan guyonan sing ndhedhepi ana pungkasan cerkak kasil miyak kepriye cupete pikiran kita nalika lagi dibrukut panase ati.”
(Budi Wahyono - sastrawan sing manggon ana kutha Semarang)

Bab

  • Prolog Nalika Tresna Ngosikake Lelakon Urip
  • Ing Pucuk Alang-alang, Ora Kabur Kanginan
  • Kata Pengantar
  • Daftar Isi
  • Tetaning Ati
  • Rembulan Koncatan Mega
  • Nasibe Kodrat
  • Mendem
  • Tan
  • Dongeng
  • Kabuncang Alang-Alang
  • Wong Lan Anakke
  • Calon Lurah Warikun
  • Sasigar Rembulan
  • Landheping Krikil
  • Saunting Alang-Alang
  • Kutuk Kena Sunduk
  • Ati Kaseret Ing Angin
  • Langite Sumilak
  • Ing Pucuk Alang-Alang
  • Oh… Sumirah
  • Riwayat Penulis

Unduhan

Data unduhan belum tersedia.

Biografi Penulis

Yan Tohari, Sekolah Dasar wewengkon Sumber, Trucuk, Klaten, Jawa Tengah

Yan Tohari

Lair ing Klaten, 23 Mei 1969. Jeneng asline Sriyana, nanging asring migunakake jeneng singlon: Yan Tohari. Jeneng singlon iki pancen darbe cathetan paling nengsemake ing uripe.

Wiwit sinau nulis sastra Jawa, nalikane dheweke lulus saka Sekolah Pendidikan Guru (SPG) Negeri Klaten, taun 1989. Taun 1992 sinau nulis sastra Jawa ing Sanggar Sastra Jawa Yogyakarta (SSJY). Nanging lagi wani nulis cerkak kang kakirim ing media cetak udakara taun 1996.

Sawetara buku sastra Jawa sing arupa antologi bersama kang ngemot guritan-guritane, kayata Rembulan Padhang ing Ngayogyakarta (1992), Kaca Pengilon (1994), Pesta Emas (1995), Rembuyung (1997), Pisungsung (1997), Bandha Pusaka (2001), Senthong (2008), Sesotya Prabangkara ing Langit Ngayogya (2014), Sastra Jawa Madhangi Jagad (2015) Antologi Geguritan 200 Gurit Modheren saking 3 Provinsi: Ing Sawijining Wektu Mengko (2019). Buku antologi geguritan tunggal Mung Aku lan Sliramu (2020). Dene antologi bersama cerkak Nalika Rembulan Bunder (2020).

Sawernaning tulisane wis kamot ing: Kedaulatan Rakyat, Bernas, Suara Merdeka, Surabaya Post, Solo Pos, Jawa Anyar, Damarjati, Pagagan, Sempulur, Jaya Baya, Panyebar Semangat, Djaka Lodang, Mekarsari, Swaratama, lsp.

Prestasi ing penulisan nate tampa Penghargaan “Sinangling (1995)” saka SSJY lumantar geguritane kang judhule “Manggung Kanthi Tesbih”. Taun 2017 cerkak judhul Nalika Rembulan Bunder Jara II Lomba Penulisan Cerkak Yayasan Karmel Malang, lan cerkak Saunting Alang-alang juara III Lomba Penulisan Cerkak Yayasan Karmel Malang, 2018.

Saiki minangka guru PNS ing Sekolah Dasar wewengkon Sumber, Trucuk, Klaten, Jawa Tengah lan kanthi tekun tetep terus nggilut ing sastra Jawa sarta seni budaya Jawa liyane. Melu makarya ing penerbitan lokal Klaten “Joglo Pos” lan kajibah ngayahi rubrik basa Jawa Kalatidha. Sarta wiwit 2015 manunggal ing Balai Penelitian Bahasa Provinsi Jawa Tengah kanggo ngemonah majalah basa Jawa Swaratama. Ing taun 2023 manunggal ing kepengurusan Dewan Kesenian Klaten ing tingkat Kecamatan Karangdowo.

Alamat: Dukuh RT.03/09 Ringinputih, Karangdowo, Klaten. 57464

Email: [email protected]

Facebook: https://www.facebook.com/yan.tohari.549

Instagram: https://www.instagram.com/@yantohari/

Nomor HP/WA: 081229699837

Referensi

Kabuncang Alang - Alang

Diterbitkan

9 Mei 2026

Detail format terbitan yang tersedia: Preview

Preview

ISBN-13 (15)

978-634-278-256-9

Dimensi Fisik