BABAD GIYANTI (GANCARAN) Jilid 1

Penulis

B.K. Al Marie
Universitas Islam Indonesia image/svg+xml

Kata Kunci:

BABAD GIYANTI

Sinopsis

Sabibaripun Perang Pacina, Sang Nata Sunan Pakubuwana II sampun ngadhaton malih ing nagari Kartasura awit mengsah sampun kendhang. Parandene Sang Nata karaos oneng manggalih risakipun praja ingkang dipun osak-asik wadyabala Cina. Sang Nata lajeng ngutus Komandhan Hohendorff miwah patih Adipati Pringgalaya lan Adipati Sindureja kinen ngupadi papan kang sae kangge ngalih praja.

Wusnya naliti sawetawis papan Komandhan Hohendorff lan patih kekalih mrayogekaken praja ingalih maring dhusun Sala. Sampun kalampahan dhusun Sala dados nagari enggal, lajeng ingaran nagari Surakarta Adiningrat.

Ing Betawi, Tuwan Gurnadur Jenderal Baron van Imhoff sampun tampi palapuran prekawis kraton Jawi kang ingalih papan. Tuwan Gurnadur arsa martinjo ngiras pantes tuwi tanah jajahan Walandi kang risak awit Perang Pacina. Sampun kalampahan Tuwan Gurnadur tedhak ing Surakarta. Sang Nata mapag tedhakipun Tuwan Gurnadur kanthi pakurmatan ingkang salangkung ageng. Sang Nata ngajab tedhakipun Tuwan Gurnadur dados berkah tanah Jawi wimbuh-wimbuh makmur santosa.

Nanging pangajab wau tetela mleset. Tedhakipun Tuwan Gurnadur destun nyebar bibit-bibit wisuna. Tuwan Gurnadur minta dhateng Sang Nata anggadhuh tanah pasisir kanthi sewa ingkang sakalangkung sekedhik. Tuwan Gurnadur ugi minta Sang Nata supados ngelong sabin lenggahipun Pangeran Arya Mangkubumi saking 3000 cacah dados 1000 cacah. Kalih prekawis wau njalari Pangeran Arya Mangkubumi runtik ing galih, wasana lajeng tilar praja lan mandhireng ing tanah Sukawati.

Kadospundi babaring lelampahan ing bumi Jawa salajengipun

Bab

  • Atur Sapala
  • Daftar Isi
  • 01. Dhusun Sala Katetepaken Dados Kuthanagara Enggal
  • 02. Kabar Surakarta Badhe Katamuan Gurnadur Jenderal
  • 03. Mayor Hohendhorff Pepanggihan Kaliyan Pangeran Mangkunagara
  • 04. Sinuhun Ing Surakarta Methuk Gurnadur Jenderal Dhateng Samarang
  • 05. Tuwan Gurnadur Jenderal Minta Anggadhuh Tanah Pasisir
  • 06. Gurnadur Jenderal Dhawuh Ngirangi Lenggahipun Pangeran Mangkubumi
  • 07 Pangeran Mangkubumi Mêdal Saking Nagari Surakarta
  • 08. Pangeran Mangkubumi Kirim Utusan Dhateng Pangeran Mangkunagara Lan Sultan Dhandhun Martengsari
  • 09. Sang Nata Lan Tuwan Kumendhan Kintun Nawala Pambujuk Dhateng Pangeran Mangkubumi
  • 10. Pangeran Mangkubumi Ngrampit Kitha Surakarta
  • 11. Kitha Surakarta Ludhes Kabesmi Dening Wadya Mangkubumen
  • 12. Adipati Pranaraga Makempal Lan Bala Kumpeni Sumedya Anggecak Sembuyan
  • 13. Prajurit Surakarta Lan Kumpêni Angubres Tanah Sembuyan Saanteronipun
  • 14. Pangeran Mangkubumi Anggepuk Grobogan Lan Demak
  • 15. Kumpêni Ngubres Pangeran Pamot Lan Pangeran Mangkunagara
  • 16. Kumpeni Ing Bureng Kenging Apus Surajaya
  • 17. Pangeran Mangkunagara Dipun Gecak Kumpeni Ing Dhusun Papringan
  • 18. Pangeran Mangkunagara Nyantrik Ing Padhepokan Samakaton
  • 19. Mayor Damel Dora Sembada Dhateng Gurnadur Jenderal Lan Rad Kumpeni India
  • 20. Baris Kumpeni Lan Jawi Wangsul Dhateng Surakarta
  • 21. Pangeran Mangkunagara Nglajengaken Lampah Sowan Pangeran Mangkubumi
  • 22. Pangeran Mangkubumi Santun Nama Pangeran Adipati Sukawati
  • 31. Pangeran Mangkunagara Ingambil Mantu Dening Pangeran Adipati Sukawati
  • 32. Sang Nata Anjenengi Paningkahipun Gupernur Hohendorff lan Sutanipun Ideler Jacob Mossel
  • 33. Sang Prabu Surakarta Tampi Panalangsane Kumpeni Prekawis Lolosipun Pangeran Sukawati
  • 34. Kumpeni Dhatengaken Saradhadhu Walandi Kangge Ngrangket Pangeran Adipati Sukawati
  • 35. Prajurit Sukawati Angrampit Kitha Surakarta
  • 36. Prajurit Surakarta Angelud Mengsah Ingkang Ngrampit Kitha
  • 37. Jayakartika Pejah Ing Paprangan
  • 38. Pangeran Adipati Sukawati Anggetuni Pejahipun Jayakartika
  • 49. Pangeran Adipati Sukawati Bidhalaken Wadya Tumuju Dhateng Surakarta
  • Profil Penulis

Unduhan

Data unduhan belum tersedia.

Biografi Penulis

B.K. Al Marie, Universitas Islam Indonesia

Bambang Khusen Al Marie utawa B.K. Al Marie, sawijining bloger lan youtuber kang mligi nyinau sastra Jawa klasik. Penulis kang lahir taun 1971 M, lulus saka Universitas Islam Indonesia Jurusan Teknik Sipil. Lulus ing taun 1997 bebarengan tekane krisis moneter njalari penulis kangelan golek pagaweyan. Kanggo golek pangupajiwa penulis banjur buka bengkel pertukangan kayu, tekan seprene.

Ing sela-selane karepotan dadi tukang kayu, penulis duwe hobi maca karya sastra Jawa klasik, kayata karya-karyane KGPAA Mangkunagara IV, Raden Ngabehi Yasadipura I & II serta karya-karya Raden Ngabei Ranggawarsita.

Penulis banjur gawe blog kanggo madhani sakeh terjemahan karya-karya klasik mau. Sawetara saka tulisan-tulisan kang kamot ing blog kasebut banjur katerbitake dadi buku. Ing dina iki wis ana sawetara kang kasil terbit, yaiku:

1.       Kajian Serat Wedatama yang diterbikan Penerbit Kanaka Media, 2021, Surabaya.

2.       Babad Tanah Jawi jilid 1-4, Penerbit KBM Indonesia, Yogyakarta.

3.       Kumpulan Cerkak Ing Tapel Wates, Penerbit KBM Indonesia, 2024.

4.       Babad Giyanti Jilid 1, Penerbit KBM Indonesia, 2025.

Referensi

BABAD GIYANTI (GANCARAN) Jilid 1

Diterbitkan

20 Februari 2026

Detail format terbitan yang tersedia: preview

preview

ISBN-13 (15)

978-634-278-156-2

Dimensi Fisik

Cara Mengutip